Kamis, 24 September 2009

Pantun Dalan Bahasa Jawa


Ireng-ireng lorek-lorek
Ampyang ketan dirubung semut
Yen kepareng kawulo ndhrek
Pejah gesang kulo nggih tumut


Sawunggaling wayang kuno
Sing digawe kayune jati
Yen eling dang sambangono
Ojo gawe gelaning ati


Lelene mati ditutuk
Gowo mrene tak sujanane
Yen merene ra nate petuk
Ndang merene tak entenane


Putih-putih kembang randu
Wong sing abang kembang palase
Ati seddih nang awak kuru
Kelingan bocah ayu rupane


Murak cipir ngrambat kawat
Godong bendho kintir ning kali
Gak mampir mek ketok liwat
Yo wis lego rasa ning ati

0 komentar:

Posting Komentar